BANYUWANGI ( dalam bahasa jawa )

Dek zaman rumiyin wonten ing jawa sisih wetan wonten kerajaan ageng ingkang dipun pimpin teng Raja ingkang adil lan wicaksono. Raja menika gadheh putra ingkang gagah naminipun Raden Banterang. Kesenenganipun Raden Banterang inggih menika mburu kewaning alas. Ing satunggalipun enjing Raden Banterang mburu kewan kalian abdinipun. Sawekdal Raden Banterang mlampah piyambakan, Raden Banterang mriksani kijang mlayu ing ngajengipun piyambak. Raden Banterang nguber kijang menika ngantos mlebet ing alas lan pisan kalian abdinipun.

Raden Banterang nrobos suket – suket ing alas lan wit – witan ing alas, nanging Buruanipun mboten kepados. Raden Banterang dumugi wonten ing kali ingkang bening toyanipun. Raden Banterang ngombe toya ing kali menika ngantos ilang ngelakipun. Sesampunipun Raden Banterang kesah saking kali menika, nanging tembeke mawon mlampah, Raden Banterang dipun kagetaken wontene Putri ingkang ayu sanget. Raden Banterang rumaos was – was Putri menika sejatinipun manungsa nopo setan panunggu ala. Raden Banterang nekad pitepangan kaliyan Putri menika. Putri menika asmanipun Surati saking kerajaan Klungkung. Putri menika wonten ing alas amargi nyelametaken piyambakipun saking musuh. Sesampunipun Raden Banterang mirengaken criyosipun sang Putri salajengipun Raden Banterang ngajak sang Putri wangsul sonten ing istana, mboten suwe akhire Raden lan Putri nikah lan gesang mulya.

Ing sawijining dinten, Putri mlampah piyambekan medhal saking istana. Putri dipun kagetaken kaliyan tiyang jaler ingkang agemanipun compang – camping lan nimbali asmanipun piyambake. Sesampunipun ngamati rainipun tiyang jaler menika, Putri sadar anggene tiyang jaler menika sejatinipun sedulur lanang ingkang asmmanipun Rupaksa. Rupaksa nggadaih maksud ngajak Putri mbalas dendam amargi Raden Banterang sampun mateni Bapakipun Putri Klungkung. Putri Surati njelasaken Raden Banterang sampun nulungi piyambake. Putri Surati mboten purun nuruti ajakan Rupaksa. Rupaksa nesu miring wangsulanipun Putri Surati. Nanging Rupaksa maringi slendang kangge kenangan, Rupaksa pesen supados slendang menika dipun simpen wonten ing ngandap amben.

Pertemuan menika mboten dipun mangertosi kalian Raden Banterang, amargi Raden Banterang saweg mburu kewan ing alas. Wonten ing alas Raden Banterang kepanggih kalian tiyang kaler ingkang ngagem anyeman compang – camping. Tiyang menika matur yen seslametanipun Raden Banterang saweg terancam teng garwonipun piyambak. Tiyang jaler menika sejatinipun Rupaksa ingkang mitnah Putri Surati. Tirosipun wonten ing ngandap amben wonten selendang gadhehipun tiyang jaler ingkang dipunsuwuni supados mbiyantu mateni Raden Banterang. Sesampunipun ngucapaken ucapan menika, Rupaksa ical. Raden Banterang langsung muling ing istana. Raden Banterang langsung madhos garwanipun. Dipunpadhos selendang ingkang dipun criyosaken Rupaksa. Raden Banterang nudhuh garwonipun badhe mateni piyambake. Putri Surati njelasaken yen tudhuhan menika mboten leres nanging Raden Banterang tetep kalian panderianipun. Sederengipun piyambake terancam Raden Banterang langkung rumiyin badhe nyelakaken garwonipun.

Raden Banterang badhe nyilemaken garwonipun wonten ing kali. Sesampunipun dumugi kali Raden Banterang nyritakaken pertemuanipun kalian Rupaksa. Putri Surati nggih nyritakaken pertemuanipun kalian Rupaksa. Putri Surati njelasaken yen Rupaksa sejatinipun sederek kakunge piuambe ingkang maringi slendang menika. Nanging Raden Banterang mboten percaya kalian garwanipun. Putri Surati njelasaken Rupaksa ingkang badhe mateni Raden Banterang, Putri Surati dipunajak mbiyatu Rupaksa nanging piyambakipun nolak. Nanging Raden Banterang mboten percaya, malah nganggep putrid surati ngelombo. Putri Surati matur yen toya teng kali menika dhados bening lan wangi tegesipun Putri Surati mboten salah, nanging sebalike, menawi mambet bacin lan toyanipun keruh tegesipun Putri Surati salah. Raden Banterang nganggep ucapan menika ngada – ada. Raden Banterang nyabut keris ingkang dipun selipaken wonten ing sendagenipun. Sesarengan kalian Putri Surati mlumpat wonten ing kali lan ical. Mbonten langkung dangu Toyanipun dados wangi. Mriksani kedadosan menika Raden Banterang ngrumangsani luput lan kelangan garwanipun. Awit saking menika kali menika dados wangi lan wonten ing bahasa jawi dipun namini Banyuwangi lan dados nami kota.

0 komentar:

Posting Komentar

Sponsored KB

Sponsors

Sponsored

Welcome

Welcome alias selamad datang di go-Blog yg sederhana ini, semoga isi, luar dalem, kanan kiri, atas bawah, samping sebelah, depan belakang, bisa bermanfangat bagi pembaca / pengunjung sekaligus. Semua yang ada di g0-Blog ini, tak luput dari pengalaman si pembuat profil dan hasiL Copy paste dari Blog Blog yang postingannya menarik. Bukan maksud mengCopas, tp dengan maksud bisa menyebarkan lagi lebih luar ke masyarakat tentang artikel artikel didalamnya.

Selamat melihat - lihat. Thx.

Cari di Blog ini

Recomended

Followers

Total Tayangan Halaman